Saturday 19 March 2016

Soal UTS Bahasa Daerah kelas 5



A.                Wenehana tandha ping (x) ing aksara a, b, c utawa d sing ko anggep bener !

Karna Tanding
Ing perang Baratayuda Adipati Karna sawise ngalah ake Gathutkaca ganti diadepi Raden Arjuna. Perange satriya iki nengsemake banget. Para dewa lan bidadari padha nonton saka angkasa.
Nalikane perang mlaku Adipati Karna nyaketi sang Arjuna. Karepe arep ngrangkul Arjuna. Arjuna tansah eling marang welinge Prabu Kresna, aja nganti karangkul dening Adipati Karna.
1.        Adipati Karna punika nata ing . . . .
a.    Ngastina                      c.  Ngamarta
b.    Ngalengka                   d.  Ngawangga
2.        Sing pada nonton perange Adipati Karna lan Arjuna saka angkasa iku . . . .
a.    para bupati lan bidadari
b.    para dewa lan panembahan
c.    para dewi lan bidadari
d.   para dewa lan bidadari
3.        . . . . cacahe prabeya ingkang dipun dalaken ?
Tembung pitakon sing cocog yaiku . . . .
a.    Pira                              c.  Kapan
b.    Pinten                          d.  Sinten
4.        Majeng lan mbotenipun madrasah niku gumantung ing . . . .
a.         warga madrasah        c.  tiang sanes
b.         tanggi madrasah        d.  kepala madrasah

Pachelathon
Rima
: ”Assalamu’alaikum, nuwun sewu ndherek langkung, Bu!”
Bu Juzairoh
: ”Wa’alaikum salam, wah . . .! yah mene kok wis kondur ta nak Rina?”
Rima
: “Inggih bu, punika wonten sripahan dalem badhe ta’jiah.”
Bu Juzairoh
: “Innalillahi wainnailaihi rojiun, loh sing seda sapa kok aku ora krungu kabar.”
Rima
: “Nderek ngendikanipun Pan Yasir ingkang seda Mbah Sastro.”
Bu Juzairoh
: “Sedane kapan, gerah apa, arep disarehake jam pira?”
Rima
: “Sedanipun kala wau enjang jam 07.30 wib. Ngendikanipun gerah sepuh, bade dipun serehake jam kalih.”
Bu Juzairoh
: “O . . . yen ngono aku ya arep takjiyah.”
Rima
: “Inggih bu monggo.”
Bu Juzairoh
: “Inggih maturnuwun.”
5.        Pacelaton ing dhuwur mau cacahe wong . . . .
a.    2                                  c.  4
b.    3                                  d.  5
6.        Ajining sarira saka busana, ajining diri saka . . . .
a.    sarira                            c.  lathi
b.    guru                             d.  pasar
7.        Katilik saka basane Rima iku bocah . . . .
a.    loman                           c.  santun
b.    ngarah alem                 d.  sembrana
8.        Mbah Sastro seda jam . . . .
a.    02.20 WIB                  c.  07.30 WIB
b.    07.20 WIB                  c.  07.00 WIB

Desaku
(dening Elang Suta Jaya)
Desaku adoh saka kutha
Desa plosok ning kaloka
Desa Samudra kang sengsaya reja
Sanadyan desa
Wong-wong pada makarya ing manca
Urip rekasa saya sirna
Siki akeh wong prigel makarya
Ora padha wedhi rekasa
Murih keluarga mulya
Cah desa pada sekolah ing kutha
Kepengin dadi wong kang utama
Tembe buri bisa mbangun desa
Anyengkuyung majuning bangsa

9.        Geguritan ing duwur karangane . . . .
a.    Elang Suta Jaya           c.  Pak Guru
b.    Elang Sita Jaya            d.  Bu Guru
10.    Desaku adoh saka . . . .
a.    pasar                            c.  kutha
b.    desa                             d.  dalan
11.    Nek kepengin uripe mulya aja padha . . . . anggone makarya.
a.    wedi mati                    c.  wedi urip
b.    wedi rekasa                 d.  wedi tuwa
12.    Bapak ( asta ) kranjang.
a.    ngasta                          c.  mastani
b.    ngastani                       d.  di asta
13.    Tulisan jawa Suliyah iku . . . .
a.    tuliyah               c.  nuliyh
b.   suliyh                    d. suliya\
14.    jmurn\   Aksara jawa iku latine . . . .
a.    jamuran                        c.  jakarsa
b.    jaranan                         d.  jakarta
15.    Giman ( nulisake ) jeneng ing blabag. Tembung ing jero kurung linggane . . . .
a.    nulis                             c.  nuli
b.    tulis                              d.  nulisake


B. Isenana cecek-cecek ing ngisor iki kanthi tembung kang mathuk !
1.        Ibu ( paring ) aku dhuwit. Tembung ing jero kurung kang trep yaiku . . . .
2.        Tumindhak luput bakal kalah dening tumindak . . . .
3.        sWrgjh diwaca . . . .
4.        whke[rn\ diwaca….
5.        Mulya kantar aksara jawane . . . .

C.  Wangsulana pitakon-pitakon iki kanthi cetha !
1.        Tulisen aksara jawa iki nganggo tulisan latin !
lwuhg][mhkuni=
Wangsulan :…………………………………….
2.        Apa manfaat telfon ?
Wangsulan :…………………………………….
3.        Gawea ukara mawi tembung gotong royong !
Wangsulan :…………………………………….
4.        Pidato iku ana 3 perangan, coba sebutna !
Wangsulan :…………………………………….
5.        Sebutna 5 ( lima ) tembang macapat !
       Wangsulan :…………………………………….

No comments:

Post a Comment

Komentar anda menunjukkan pribadi anda, saran dan kritik yang membangun sangat saya hormati sehingga nantinya dapat menambah wawasan saya.
Terima kasih.